Kami adalah

kami adalah pengabdi pendidikan, mencerdaskan kehidupan bangsa.

Kamis, 12 Februari 2009

Ojo Kuatir, Rek!

Konco-koncoku kabeh,

Jare wong-wong ndik TV-TV, embong-embong, warung-warung, omah-omah saiki jamane jaman susah. Tapi iku khan jare. Jare wong-wong maneh! Sing jelas dudu jareku. Jareku saiki jaman sing paling penak sak joke uripku ndik alam donya. Gak penak yo opo, wong urip 23 tahun sak durunge kerjo dadi guru ndik YPK gak tau mangan sate saiki bosan mangan sate, mangan super mie ae baru semester 5 waktu kuliah ndik IKIP saiki wis bosan mangan mie. Opo yo percoyo sampean lek kuliahku 5 tahun mulai bayar pendaftaran UMPTN Rp 15.000,- sampe wisuda mbayar Rp 150.000,- bondho utangan, malah saiki iso nguliahno adik ndik Brawijaya. Gak percoyo khan?

Saiki mungkin akeh guru-guru koncone awake dhewe sing mulai kuatir yo opo nasibe ndik YPK. Ono sing ngomong jare YPK kate di kekno pemerintah, dikurangi jatahe, malah-malah ono sing ngomong jare YPK kate ditutup. Tapi iku cuma kulak jare dodol jare. Durung mesti nyoto benere. Kuatir kah sampean? Yo wajar. Cuma aku blas gak kuatir. Lek ono wong sing kuatir , kiro-kiro jalaran alasan-alasan ndik ngisor iki:

Kuatir ora iso mangan enak, ora iso nguliahno anak e, ora iso duwe omah apik.

Konco-koncoku kabeh ojo sampek sampean karo aku duwe pikiran nggladrah koyo ngene iki. Wong sing kuatir/ wedi ora iso mangan iku podho karo wong sing gak yakin lek Gusti Alloh iku Dzat Sing Moho Loman, Welas Asih, tur Gak Mentoloan Marang Makhluk e. Nganggep remeh nang Gusti Alloh. Gak trimo Gusti Alloh, Rek! Gak mungkin (mokhal) lek Gusti Alloh ngejarno sampean sampek gak mangan. Wis tah, Gusti Alloh mesti maringi rejeki sing akeh tur gak di songko-songko. Monyet-monyet ndik jln Burangrang ae ora tau kekurangan mangan meski gak tau sekolah, opo maneh awak e dhewe sing SPd lan MPd.

Bahaya sing nomer 2, ojo sampek sampean karo aku nganggep lek YPK iku sing ngurip i awak e dhewe. Lek sampean nganggep YPK, PKT, Pemkot sing nguripi utawa gawe enake urip e awak e dhewe. BAHAYA POOOOL. Yo iku sing diarani SYIRIK. Syirik iku dudu diba'an, tahlilan, wiridan, sholawatan, pujian, lan liyo-liyane. Lek sampean nganggep duwit sing gawe penak urip sampean, obat sing marasno loro sampean, komputer sing gawe nyugihno urip sampean, opo maneh sampek nyembah YPK, nyembah PKT, nyembah Pemkot, yo iku sing diarani syirik.

Konco-koncoku kabeh,

Ngadepi kelahirane YPK sing kaping 26, awak e dhewe mesti yakin lek YPK bakal tambah apik ing tembe ngarep. Sing mesti sampean karo aku tetep kudu nglakoni: ngajar sing temenan, sing apik,ndadekno murid-murid sing bodho dadi pinter, sing bekasaan dadi sopan, sing nyontek an dadi jujur. Cukup! Gak usah mikirno pirang milyar dana e YPK teko PKT. La opo awak e dhewe mikir no barang sing mesti dadi penggaweane wong liyo. Gawe soal Try Out ae sing apik, gawe perangkat multi media ae sing canggih, gawe soal ulangan blok terus dites no nang murid. Cukup!

Sampean aku dongakno dadi guru sing ikhlas, sing syukur ndik akhir pengabdiane dadi guru, lan mesem utowo ngguyu waktu mbalik nang kersane Sing Gawe Urip. Mugo-mugo!

Achmad/Abu Muhammad

1 komentar:

Anonim mengatakan...

setujuuuuu cak.... setuju pooolll..
tulisan ini yang ditunggu-tunggu cak... aku pribadi iso intropeksi poooolll.... semoga yang membaca sama halnya dgn ku... semoga semua berkah. suwon cak tulisanne...