Kami adalah

kami adalah pengabdi pendidikan, mencerdaskan kehidupan bangsa.

Minggu, 15 Februari 2009

Bontang, 2028

Dulur-dulurku kabeh,

Pernah gak sampean mikir-mikir koyo opo kahanane awak dhewe ing tembe ngarep? Kelawan tulisanku iki sampean kabeh aku ajak mikir bareng. Judul e Bontang 2028. Sampean iso ganti judule, misale kanggo Cak Pri diganti Bontang 2025, Cak Pras 2027, lan seteruse. Opo maksud e? Tahun 2028 iku insyaalaaoh tahun aku pensiun teko YPK. Aku mlebu YPK tahun 1995 dadi yen Gusti Alloh ngresakne aku dadi guru YPK suwene 33 tahun ing tahun 2028. Meski wis pensiun aku pingin tetep ngajar ndik YPK selagi YPK isik ono. Cita-citaku mati sahid koyo dulur tuwoku, Pak Munardi lan Prof Nuril Huda (Rektor IKIP Malang), mbalik nang ngarsane Gusti Alloh waktu ngoreksi tugase murid utowo waktu ngajar ndik kelas. Soale arepe nang Jalur Gaza juga adoh. Balik nang tahun 2028. Ing tahun iku aku wis ora iso main bal-balan selincah saiki, aku wis ora iso salto jengkulitan maneh. Gantian anakku sing main bal-balan lan salto-salto an. Mungkin isone mung jogging lan mlaku-mlaku isuk. Mungkin aku wis gak ketemu Cak Pri soale Cak Pri wis pensiun 3 tahun sak durunge lan wis mulih nang Ceper, Klaten. Mungkin! Cak Pras wis pensiun tahun sak durunge lan wis mulih nang Kulonprogo. Mungkin! Aku mungkin wis gak iso ketemu karo sebagian sampean kabeh jalaran sampean dulur ku tuwo wis pensiun dhisik. Maksude dipensiun YPK utowo dipensiun Gusti Alloh. Gelem ora gelem awak e dhewe bakal dipensiun karo Gusti Alloh teko alam donya.

Aku sering crito-crito karo wong-wong sing arepe utowo wis pensiun. Wong sing arepe pensiun utowo wis pensiun ngalami perkoro-perkoro sing ora tau dipikirne sak durunge. Ono sing diarani post power syndrome. Opo o ono wong ngalami syndrome macem-macem? Menurutku wong mau waktu isik aktif ora pernah mikirne tembe ngarep lek bakal pensiun. Koyo-koyo o arepe urip terus, kerjo terus, dadi wong hebat terus, diwedeni terus, lln. Sing dirasakne wong sing pensiun dudu iku thok. Ono perasaan getun. Getun opo? Getun sebab waktu isik aktif kerjo ora ngamal sing maskimal.

Wis sak iki balik nang critoku dhewe. Coba bayangno saiki aku (Achmad) kerjoku sak karepku dhewe mlebu sak karepku dhewe, karo konco gak akrap, seneng nglarani konco (maksude dudu sering tackling waktu bal-balan), gak pernah kumpul karo konco, medhit karo konco, diundang yasinan lan tahlilan konco gak pernah teko, kerja bakti lan acara 17 Agustusan RT gak pernah melu. Opo maneh gak peduli karo anak murid, gak peduli karo dulur, gak peduli karo tonggo teparo. Aku iso bayangno ndik akhir pengabdianku dadi guru, aku bakal nelongso sebab ora ono wong utowo konco-konco sing peduli karo aku sebab waktu isik aktif aku ora pernah peduli karo liyan.

Dulur-dulur, konco-koncoku kabeh.
Aku, Cak Maskut, Kang Sarwoko lan dulur-dulur liyani sing lahir e tahun 1972 sak iki wis umur 37, sepuluh tahun kepungkur 27, rong puluh tahun kepungkur 17, telung puluh tahun kepungkur 7 tahun. Cepet banget urip iki. Sepuluh tahun maneh 47, rong puluh tahun maneh 57, telung puluh tahun maneh 67, petang puluh tahun maneh 77. Pirang tahun maneh urip ing alam donya awak e dhewe ora weruh. Ayo podho takon awak e dhewe-dhewe. Ate nglakoni opo maneh awak e dhewe mengko ing umur 38,39,40,41,42,43,44,45,46,47......67...77.

Dulur-dulur, konco-koncoku.
Untung banget sampean karo aku ditakdir dadi guru karo Gusti Alloh. Awake dhewe diparingi dalan penak kanggo nglakoni kabecikan. Mumpung saiki isik diparingi gesang (urip) karo Gusti Alloh, ayo nyambut gawe dadi guru sak giat-giate sak ikhlas-ikhlase mumpung isik 2009 durung ketekan tahun 2028.

Sepurane sing gedhe.


I love you all

2 komentar:

PEACE YPK mengatakan...

Tulisan peno apik tenan cak...tuk direnungkan....tapi napa kok gak ditulis pake cara indo.....konco2 yang laen pada gak ngerti...padahal...sing batak...sing sundo..sing bugis...sing timorkan yo podo pengin dapet info dan masukan2 dari sampeyan...di translate lah cak.....minimal nggo coro inggris.
*cak yoes*

ratnahar mengatakan...

Wow.... ternyata atine uwong gakonok sing ngerti njerone kejobo Gusti ALLAH sing ngrengku alam ndunyo akhirot iki...
Astaghfirullah...